Kepyakan Kampung Kerajinan Keparakan Kidul

Kampung Keparakan Kidul, Kecamatan Mergangsan, Kota Yogyakarta, dipun kepyakaken minangka kampung kerajinan, ingkang saged ngrembakaken ekonomi kerakyatan. Atusan warga masyarakat saged makarya ing industri kerajinan rumah tangga.  Kanthi dipun dhapuk dados kampung kerajinan, dipun angkah saged  nggampilaken babagan panyade lan nyawisaken pakaryan tumrap warga ing kampung kasebat.
Sasampunipun lampah pambiji, kampung Keparakan Kidul, Mergangsan dipun dhapuk dados kampung kerajinan ing tengahing  Kitha Ngayogyakarta. Kanthi ngrembakaken UKM,  minangka sumbering ekonomi, bab punika nggambaraken panggesanganing masyarakat ingkang majeng lan modern. Samangke wonten 2.500 warga ingkang sumber pamedalipun saking industri mikro lan alit, sarta industri kerajinan rumah tangga. Ing Kampung Keparakan Kidul wonten 30 unit usaha kerajinan ingkang damel sandhal, tas, konveksi bathik lan rerenggan, kanthi cacah tenaga karya tiyang 160. Asiling kerajinan Kampung Keparakan Kidul, 40% panyadenipun dhateng peken nasional lan internasional, dene sanesipun dhateng peken lokal. Ing tahun 2011, Kepala Dinas Perindustrian Perdagangan Dan Koperasi Kota Yogyakarta, sampun nyawisaken fasilitas piranti pres sandal, alat potong, mesin jait sarta puluhan etalase kangge warganing koperasi.
Lumantar kepyakan kampung kerajinan ingkang dipun tindakaken dening Walikota Yogyakarta, Herry Zudianto ing dinten  Kemis enjing(31/3), dipun ajab kanthi pangrembakaning UKM lan UMKM saged nggrengsengaken karaharjaning warga, nambah kalodhangan  pakaryan, sarta saged ngrembakaken panyadenipun.

dipun pendhet saking Jogja TV.